Vladimir Putin

Vladimir Vladimirovich Putin (Влади́мир Влади́мирович Пу́тин) punika Présidhèn Ruslan wiwit taun 2000 ngantos taun 2008. Lajeng ing taun 2012 Putin kapilih malih dados présidhèn. Piyambakipun lair ing Leningrad ing tanggal 7 Oktober 1952. Sadèrèngipun dados Présidhèn Ruslan, Putin naté nyambut damel kanggé KGB lajeng FSB, dines intelijèn Ruslan. Piyambakipun ugi naté dados pangacara. Piyambakipun ugi anggota Gréja Ortodoks Ruslan. Vladimir Putin punika émah-émah saha gadhah kalih putra.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search